Minggu, 23 Februari 2020

Pengertian Dan Unsur Unsur PRANATACARA



Assalamualaikum,Mari kita mempelajari tentang Pranatacara 


1.Pangertene panatacara
Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka panatacara pambyawara.
pranata adicara,pranata titilaksana,pranata laksiraning adicara utawi Master of Ceremonv
(MC).Regeng,nges,lan orane sawijining adicara iku sebagean gedhe dadi tanggung
jawabe panatacara.Panatacara kuwi sawijining paraga(wong)sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune)sawijining upacara adat; temanten,kesripahan,resmi/formal,pepanggihan (pertemuan),pajamuan(pesta),pangaosan utawa pentas(show)lan sapanunggale.Kaya dene ing acara upacara adat temanten Jawa,panatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune)adicara ijab,pawiwahan,lan pahargyan.Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul)madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan(resepsi)temanten.Dene yen ing upacara kasripahan(kematian)juru pantilaksana(panatacara)nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang
sarean
(kuburan).

2.Perangan teks panatacara

Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo
gawe ngrengrengan teks panatacara para
ricwa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau.Dene pokok(batang tubuhe)teks pranatacara,yaiku:
a. Salam pambuka.
Salam pambuka kanthi tembung,“Asalamualaikum Warahmatullaha.
wabarokatuh(tumrap wong Islam),utawa tembung"nuwun kawula nuwun'.Bisa
uga kanthi salam liyane.
b. Puji syukur konjur marang Gusti ingkang Maha Kuwasa.
c. Sapa aruh.
Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undangan.Anggone
sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tuwa nganti marang sing enom,saka
sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.Anut sapa wae piyayi kang rawuh.
d.Ancasing gati.
Ancasing gati yaiku apa kang dadi maksud saka adicara kang diadani
(dilaksanakan)ing wektu iku paraga panatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani
adicara sing diangit lan kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe,sarta kudu klop
karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan kono.
e.Panutup.
Ing perangan panutup iki panatacara ngaturake marang para tamu mungguh
acara kang dirantam wis lumaku,lan njaluk pangapura yen anggone nindakake
pagaweyane ana kalupatan.
f.Salam penutup.

3.Unsur-unsur panatacara
Sarat Panatacara
Supaya anggone ngayahi jejibahan dadi panatacara bisa becik,kudu gelem gladhen
lan sarat laku pitung prakara.Dening Rama Sudi Yatmana(1989:1)dijlenterhake kanthi
aran Saptama Pangolahing Raga,yaiku:
a.Magatra,yaiku bleger wewujudane rupa,adining sastra lan nyandang penganggo kang
trep,pantes,lan jangkep.Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe.
b.Malaksana,mlaku samlaku,sapecak sajangkah ditata runtut,luwes mrabawani,ora
ingah-ingih,lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini.
C.Mawastha,ngadeg jejeg,ora kendo,ora dhoyong.
d.Maraga,ora grogi,ora wedi,ora gemeter,anteb,lan anteng obahe wawak,sirah,gulu,
SIku,asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha apa
kang diucapake.
e.Malaghawa,trampil kepara trengginas,cag ceg,lancar,gancar,sembada ing karya.Ora
ngleler nanging uga ora katon grusa grusu.
f. Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani bisa regenge aweh tetarnba Mula panatacara uga bisa gawre gumrengsenge swasana prasasat wong kang nandhang susah/sungkawa. tumrap g. Mav.rwat: anteb, manteb ngentasi purwa, madiya Ian karya. Dadi Panatacara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, Ian pungkasane acara kanthi manteb Ian sampurna. Aja nganti ana acara kang kececer keliwatan uwal saka rantaman.

4. Teknik maca panatacara

Sajroning macakake acara, panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake bisa rumangsa seneng Ian panatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

a. Nganggo pangucap kang trep

b. Pamedhote ukara kang trep

c. Nganggo intonasi, nada, Ian tekanan kang trep

d. Ngreteni tandha wacan kanthi trep

e. Swara kang cetha

f. Ngatur alon Ian cepete pamaca

g. Ngolah treping mlebu wetuning napas

h. Mahami wacan

i. Pracaya marang dhiri pribadi

Pranatacara basaJawa iku kudu nggunakake Ian nguwasani sawenehe kaprigelan kawruh basa kanthi ancas supaya bisa narik kawigatene tamu kang padha rawuh. Mula setitekna andharan ing ngisor iki!

1) Tembung yogyaswara

Tembung yogyaswara yaiku tembung loro kang tulisan apadene pangucape meh padha, dinggo bebarengan, Ian mengku teges lanang-wadon.

Tuladha :
- Bathara-bathari - Kedhana-kedhini

- Yaksa-yaksi - Putra-putri

- Hapsara-hapsari - Dewa-dewi


2) Tembung entar

Tembung entar utawa silihan, dudu teges kang baku. Tembung iki duwe teges rerangkening tembung kang ateges ora salugune/satenane.Tembung iki duwe surasa kang geseh karo tetembungane (duwe teges kias).

Tuladha:

- Dawa tangane = clemer, seneng njupuk duweke liyan
- Lunyu ilate = Pinter guneman
- Dawa ususe = Sabar
- Jembar dhadhane = Nrima

3) Tembung rura basa
Tembung rura basa yaiku basa kang rusak sing Wis kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Yen meksa dibenerake malah banjur dadi basa sing ora lumrah. Tuladha:

- Negor gedhang = benere negor debok
- Nggilİng bakso = benere nggiling daging, bumbu, Isp
- Adang sega = benere adang beras, diwenehi banyu, lan sateruse

4) Panyandra

Panyandra iku tetembungan utawa ukara kang Wis gumathok, kanggo nyandra lahanan alam, satriya, ratu, perangan awak, solah bawa, lsp, kang lumrahe wujud pepindhan. Panyandra utawa atur kang biasane diaturake dening para panatacara kanggo nggambaraken utawa ngaturi kaweruhan kahanan lan swasana tartamtu marang para kang padha ngrungokake utawa para pamiyarsa. Panyandra diandharake kanthi gamblang, cetha, aris, terwaca, nggunakake kasusastraan kang becik, basa kang alus lan biasane ginambarake kanthi rinumpaka trep karo swasanane. Tuladha panyandra lampahing temanten putri!

Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyura, katingal ana wanodya sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga.

Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswarinata, tinon saking mandrawa kawuryan abyor mompyor pating galebyar pating calorot pindha kartİka gumingsir papan.


5) Pepindhan

Pepindhan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ngemu teges irib-iriban utawa emper-emperan, ameh padha. Pindha nunggal karep karo kaya, kadi, kadya, lir, pendah.
Tuladha:

- Lakune kaya macan luwe
- Polahe kaya kitiran
- Swarane kaya ngabangake kuping


Terima Kasih
Wassalamualaikum ^_^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar